KAWRUH SEJATI

serat nawa pangestu

SERAT NAWA PANGESTU
Sembilan Prinsip Kawruh Sejati lan Lampahing Urip

Dasar pemikiran.
Aja gumunggung marang kawruh kang durung kabukten.
Aja nuntun liyan nganggo pamawas kang durung cetha.
Aja nyebut sejati marang apa kang mung saka pangira.
Timbangna kanthi laku, delengen ing kasunyatan.

artinya :
Jangan menyombongkan pengetahuan yang belum terbukti.
Jangan menuntun orang lain dengan pandangan yang belum jelas.
Jangan menyebut sesuatu sebagai kebenaran sejati jika hanya berasal dari dugaan.
Ukurlah melalui laku, dan lihatlah dalam kenyataan.

1. Kawruh lan Lampah.
Tan nggoleki kawruh kanggo kaurmatan,
tan ngudi pangestu saka pangucapan.
Kawruh dudu kanggo dipamerake,
nanging kanggo dilakoni ing saben lampah.
Apa kang wus sumunar ing batin,
kudu kabukten ana ing urip.

artinya :
Jangan mencari pengetahuan demi kehormatan,
jangan mengejar pujian melalui kata-kata.
Pengetahuan bukan untuk dipamerkan,
melainkan untuk dijalani dalam setiap langkah kehidupan.
Apa yang telah bercahaya di dalam batin,
harus terbukti nyata dalam kehidupan.

2. Sembah lan Lampah
Dudu mung pinter ing sembah lan pangabekten,
dudu mung trampil ngucapake panyuwunan.
Sembah kang sejati ora mandheg ing pasujudan,
nanging tumurun ana ing saben lampah.
Apa kang kasembah ing ngareping Hyang,
kudu kabukten ing urip saben dina.

artinya :
Bukan hanya pandai dalam sembah dan penghormatan,
bukan pula sekadar terampil mengucapkan permohonan.
Sembah yang sejati tidak berhenti dalam bersujud,
melainkan turun dan nyata dalam setiap langkah kehidupan.
Apa yang disembahkan di hadapan Hyang,
harus terbukti dalam kehidupan sehari-hari.

3. Laku Sejati minangka Pambuktining Urip.
Dudu pepak sarana kang dadi jaminan,
dudu sesaji kang nemtokake kaslametan.
Rinonce tata cara ora cukup dadi bukti,
yen lampah durung tumeka ing jati.
Kaslametan ora tinemu saka sesaji,
nanging saka laku sejati ing saben dina.

artinya :
Bukan lengkapnya sarana yang menjadi jaminan, bukan pula sesaji yang menentukan keselamatan.
Rangkaian tata cara tidaklah cukup menjadi bukti, jika laku belum sampai pada kesejatian.
Keselamatan tidak ditemukan melalui sesaji,
melainkan melalui laku sejati dalamkehidupan sehari-hari.

4. Kabecikan Ora Milih Dina.
Saben dina iku lawang tumrap kabecikan,
saben weton dadi wektu kanggo panggawe becik.
Tan perlu milih dina kanggo tumindak utama,
tan perlu ngenteni wektu kang dianggep prayoga.
Awit kabecikan ora duwe dina pilihan,
saben wektu iku wektune nglakoni kabecikan.

artinya :
Setiap hari adalah pintu menuju kebaikan, setiap saat adalah kesempatan untuk berbuat baik.
Tak perlu memilih hari untuk melakukan kebajikan, tak perlu menunggu waktu yang dianggap paling baik.
Sebab kebaikan tidak memiliki hari pilihan;
setiap waktu adalah waktunya untuk berbuat kebaikan.

5. Kabecikan Tanpa Petungan.
Dina lan weton mung tatananing pakulinan,
rinonce manungsa kanggo ngatur lakuning urip.
Dudu pratandha saka kasunyatan sejati,
dudu paugeran kang nemtokake becik lan ala.
Saben dina kabukak kanggo tumindak utama,
amarga kabecikan ora gumantung marang petungan.

artinya :
Hari dan weton hanyalah tatanan kebiasaan, dirangkai manusia untuk mengatur perjalanan hidup.
Bukan pertanda dari kebenaran sejati, bukan pula aturan yang menentukan baik dan buruk.
Setiap hari terbuka untuk melakukan kebajikan, sebab kebaikan tidak bergantung pada perhitungan.

6. Kabecikan Dumunung Sajroning Dhiri.
Goleka pepadhang ana sajroning dhiri,
aja kesasar ngudi ing njabaning ati.
Sukma kang wening wus nyimpen pepadhang,
mung kabukak dening laku kang temen.
Kabecikan sejati ora teka saka njaba,
nanging tuwuh alon ing sajroning dhiri.

artinya :
Carilah cahaya di dalam diri, jangan tersesat dengan mencarinya di luar hati.
Sukma yang jernih telah menyimpan cahaya, yang hanya terbuka melalui laku yang sungguh-sungguh.
Kebaikan sejati tidak datang dari luar, melainkan tumbuh perlahan dari dalam diri.

7. Ngudia Pituduh Jatining Panguripan.
Ngudia pituduh saka Jatining Panguripan,
aja kesusu pracaya marang saben pangandikan.
Saben pitutur becik prayoga ditimbang,
kanthi laku nyata kang dadi panimbang.
Dudu akeh pangucap kang dadi pratandha,
nanging bukti lan lampah kang nyumurupi kasunyatan.

artinya :
Carilah petunjuk dari Jatining Panguripan, jangan tergesa-gesa percaya pada setiap perkataan.
Setiap nasihat yang baik patut dipertimbangkan, dengan laku nyata sebagai penimbangnya.
Bukan banyaknya ucapan yang menjadi pertanda, melainkan bukti dan laku yang menyingkap kenyataan.

8. Tan Wedi, Tan Ngudi.
Aja wedi marang paukuman kang durung kasumurupan,
aja ngudi ganjaran kang durung kabukten.
Dudu wedi kang nuwuhake kasampurnan,
dudu pangajab kang njalari suci.
Apa kang durung kabukten ing kasunyatan,
aja didadekake dhasaring lakuning urip.

artinya :
Jangan takut pada hukuman yang belum diketahui kebenarannya, jangan mengejar ganjaran yang belum terbukti.
Bukan ketakutan yang menumbuhkan kesempurnaan, bukan pula harapan akan ganjaran yang menjadikan diri suci.
Apa yang belum terbukti dalam kenyataan,
jangan dijadikan dasar dalam menjalani kehidupan.

9. Wangsul Marang Sumbering Panguripan.
Tetepana pepadhanging Panguripan,
kang madhangi lakuning saben titah.
Tan kesasar ing pepetenging pamawas,
tan kawawa dening pituduh kang samar.
Pepadhang iku marganing wangsul sejati,
marang Sang Sumbering Jatining Panguripan.

artinya :
Tetaplah berpegang pada cahaya kehidupan, yang menerangi perjalanan setiap makhluk.
Jangan tersesat dalam kegelapan pandangan, jangan pula terbawa oleh petunjuk yang samar.
Cahaya itu adalah jalan menuju kepulangan yang sejati, kepada Sang Sumber dari Jatining Panguripan.
Kawruh ora rampung nalika dimangerteni. Kawruh rampung nalika kasembadan ing laku lan kasunyatan. Sing katon durung mesthi kasunyatan, sing dimangerteni banjur dilakoni, iku kang wiwit nyedhaki kasunyatan.
Kawruh Urip Sejati
— Dhimas Purnomo —